Kamis, 16 Januari 2020

Macem-macem Panganan Tradhisional

Deskripsi Makanan Tradisional dalam Bahasa Jawa



Onde Onde


Onde-onde yaiku satunggaling tedhan ingkan kedamel saking glepung terigu utawia glepung ketan ingkang digoreng utawi digodhok uga raenipun disukani kaliyan wiji wijen. Enten ngrupi-rupi variasi saking onde-onde menika, ingkang paling dipuntepangi nggeh menika onde-onde ingkang kedamel saking glepung ketan uga ing lebetipun diisi kacang ijo.

Sejarah onde-onde saged ditelusuri ing Tiongkok kala zaman dinasti Tang, ing pundi tedhan niki dados kue resmi daerah Changan. Tedhan niki lajeng dipunbekta dening pandatheng ngrika menuju datheng daerah kidul Cina, lajeng berkembang wiyar ngantos daerah-daerah Asia wetan uga tenggara termasuk Indonesia menika.



Gethuk


Getuk (gethuk) yaiku tedhan arupa jajanan peken ingkang kedamel saking tela engkang dipun dang lajeng ditumbuk sareng gendhis abrit utawi gendhis krambil lajeng diiris-iris uga biyasanipun dihidangke kaliyan parutan krambil. Getuk niki benten kaliyan getuk lindri, getuk pisang kersaa getuk goreng ingkang ngrupikaken inovasi saking getuk.

Biyasanipun getuk ingkang dipunsade ing -peken-peken tradisional Jawi dibungkus kaliyan godhon pisang. Getuk niki nggadhahi werni kecoklatan ingkang asalipun saking gendhis abrit. Getuk biyasa niki langkung mirah saking jenis getuk sanese kados getuk lindri uga getuk pisang kersaa getuk goreng.



Klepon


Klepon nggeh menika satunggal tedhan tradisional ingkang kedamel saking uwos ketan ingkang di bentuk kados bal lit kaliyan isi gendhis Jawi lajeng digodhok lebet toya lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil.

Deskripsi makanan tradisional bahasa jawa: Klepon ngrupikaken salah satunggal saking aneka jajan peken uga paling kathah dipunremeni amargi nggadhahi sifat ingkang khas menawi dipuntedha, yaiku muncrat gendhisipun uga raosipun legi, gurih uga eca. Cara nedha klepon yaiku setunggal wiji klepon dipuntedha lebet sapisan kajengen gendhisipun mboten jenes.



Utri


Utri yaiku tedhan tradisional ingkang didamel saking singkong uga gendhis abrit lajeng dipunmangsak kaliyan cara di kukus, raosipun echo lan legi amargi gendhis Jawi nanging mewahi ditambah ager-ager bubuk uga santan rasane dados nyaged tekstur ingkang lembat, kenyal, manis uga gurih.



Mendut


Mendut yaiku kue teles tradisional khas Jawi ingkang raosipun eca kaliyan tekstur kenyal amargi kedamel saking uwos ketan dipunremeni kathah tiyang. Kue mendut arupi ijem dibungkus kaliyan godhong pisang uga disukani kuah santen ing salebete.



Nagasari


Nagasari yaiku sawarni kue ingkang kedamel saking glepung uwos, glepung sagu, santan, uga gendhis ingkang diisi pisang. Kue niki biyasanipun dibungkus kaliyan godhong pisang lajeng dipun adang.

Kathah sanget jenis saking nagasari antawisipun nagasari pethak, dipundamel tanpa campuran pamerni, namung kaliyan santan. nagasari abrit, dipundamel kaliyan campuran gendhis abrit dados pamerni. nagasari biru, dipundamel kaliyan campuran sekar telang (Clitoria ternatea) dados pamerni. nagasari ijem, dipundamel kaliyan campuran godhong suji ingkang dados pamerni.





SUWUN :)

sumber: gegaran nyinau basa jawa X


Pidato Basa Jawa

A. Tegese Pidhato

      Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Jenis-jenis  Pidhato Adhedhasar yaiku:
  1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane Gawe Pidhato

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.

  1. Salam pambuka.
  2. Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes.
  3. Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane.
  4. Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep.
  5. Salam penutup.












sumber: https://ilmanzblog.blogspot.com/2013/06/pengertian-pidato-dalam-bahasa-jawa.html?m=1


Crita Cekak (cerkak)

Babagan Sinau Crita Cekak


  • Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane 
                 Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka khayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyeritakake (point of view), kapang lan papan kedadeyane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujukake marang pamaca (amanat).


  • Nemokake tuntutan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 
                 Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, umpamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale. 


  • Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan 
                 Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe. 


















sumber: gegaran nyinau basa jawa1 kelas x


Rabu, 15 Januari 2020

apa iku crita rakyat?

A. Pengertian Crita Rakyat

         Crita Rakyat yaiku crita kang diceritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudut pandhang, lan amanat.



B. Titikane Crita Rakyat
      

  • Panyebarane kanthi lesan
  • Duweni sipat tradhisional
  • Sugih cakrik lan variasi
  • Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit) 
  • Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane




C. Mupangate Crita Rakyat


  • Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi liburan. 
  • Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita. 
  • Mupangat estetis yaiku menehi nilai-niai kaendahan
  • Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerti moral kang apik lan elek. 
  • Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca. 



D. Unsur Crita Rakyat

  • Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang dasari lakuning crita. 
  • Latar (setting)  yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot waktu, papan panggonan lan suasana. 
  • Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapanunggale. 
  • Alur (plot) yaiku rerangkenig prastawa ing sajroning crita. 
  • Amanat yaiku pesen kang ana ing crita. 
  • Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
  • Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.



E. Wujude Crita Rakyat miturut William R.               Bascom ana telung golongan, yaiku:

  • Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadean. Kedadean ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale. 
  • Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadean,  biasane ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale. 
  • Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale. 

   

sumber : buku gegaran nyinau basa jawa 2 
       

Selasa, 14 Januari 2020

Omah Adat

Omah Adat Jawa Tengah (Joglo)

1. Pengertian Omah Joglo
     Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradhisional ing Jawa Tengah. Omah Joglo kagalog omah kuna ing jaman saiki. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokake omah wangun joglo. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagéan dalem minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.

2. Bagian-bagian Omah Joglo

    a. Pendhapa
           Pendhapa yaiku bagian omah sing paling ngarep, nduweni ruangan kang jembar lan ora ana sekat sekate. Biasane pendhapa digunakake kanggo nampa tamu utawa kanggo panggonan sante kaluarga.

      b.  Pringgitan

    
            Pringgitan yaiku perangan antaraning pendhapa lan omah dalem kang kagunakake kanggo nampa tamu khusus.
           
       c.  Omah Dalem



              Omah dalem yaiku omah kanggo keluarga lan kabeh kegiyatan kang sifate pribadi.

         d. Senthong Tengah



               Senthong tengah yaiku ruang istirahat utawa kang kasebut kamar, ananging biasane kanggo peturon wong kang nduwe omah.

             e. Senthong Tengen (Pasren) 

                  Senthong tengen yaiku panggonan kanggo peturon lan biasane kanggo panyembahan Dewi-dewi.

              f. Senthong Kiwo
     
                  Senthong kiwo ndueweni fungsi yaiku biasane kanggo peturon wong wadon/ wedok.

             g. Pawon

                 Pawon yaiku panggonan sing ning njero omah Joglo kang biasane digunakake kanggo masak.
       
               h. Gandok

                    Gandok yaiku kamar cilik.




sumber : buku nyinau basa jawa kelas 10


Wewaler lan tegese

WEWALER Tuladha Wewaler Ing Desa Sarirejo 1. Ojo mangan karo ngadeg      tegese: tindakan saru, sing becik iku karo.               lu...