Babagan Sinau Crita Cekak
- Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka khayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyeritakake (point of view), kapang lan papan kedadeyane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujukake marang pamaca (amanat).
- Nemokake tuntutan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, umpamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.
- Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe.
sumber: gegaran nyinau basa jawa1 kelas x
😍😍😍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus������
BalasHapusAaassiiiiaaap
BalasHapusWahh keren
BalasHapusBagusss ..☺️
BalasHapusGood
BalasHapus👍👍👍👍👍👍👍
BalasHapus👍👍👍👍👍🐝
BalasHapusMantappppp
BalasHapusJossssss
BalasHapusGud gud
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusSangat dibutuhkan sekali ini, teruskan bakat mu nak 👍🏻👍🏻👍🏻😅
BalasHapusMantap mantap👍
BalasHapus👍
BalasHapusSip dek, apik tenan 👍👍👍
BalasHapusNice👏👏
BalasHapusMantul
BalasHapusBagussss
BalasHapusMantulll
BalasHapusSippp
BalasHapus