A. Tegese Pidhato
Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.
B. Jenis-jenis Pidhato Adhedhasar yaiku:
- Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
- Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
- Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
- Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
- Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
- Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane Gawe Pidhato
Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.
- Salam pambuka.
- Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes.
- Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane.
- Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep.
- Salam penutup.
sumber: https://ilmanzblog.blogspot.com/2013/06/pengertian-pidato-dalam-bahasa-jawa.html?m=1
😍😍😍
BalasHapusMantapppp
BalasHapusMantap mas Irfan..
BalasHapus👍👍
BalasHapusSiip
BalasHapus